Pidato Bahasa Jawa: Ngantenan


Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Agunging pakurmatan konjuk dhumateng Bapak Lurah Kalurahan Bumirejo,
Ingkang pantes pinundhi wakilipun saking penganten putri,
            Saha para rawuh ingkang kinurmatan.
Sumangga kita ngunjukaken puji syukur dhumateng Gusti Allah SWT ingkang sampun paring rakhmat, hidayah, saha inayah satemah kita sedaya saged makempal wonten papan kangge pahargyan ingkang sanget-sanget sae punika.
            Sholawat saha salam mugi-mugi tetep lumeberaken dening junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW ingkang kita tenggo safa’atipun ing Yaumul Kiyamah. Amin Ya Robbal ‘Alamin.
            Kula sakrombongan ngaturaken agunging panuwun dhumateng panjenengan, anggenipun mangayubagya kula sakaluwarga sowan ing kaluwarga Bapak Ibu Herman. Kula wakilipun saking kaluwarga penganten kakung ngaturaken salam dhumateng kaluwarga Bapak Ibu Herman.
            Salajengipun bapak ibu ingkang kinurmatan, kula minangka wakilipun panjenenganipun Bapak Ibu Widodo saking Dusun Klirong Kebumen sowan wonten dalemipun panjenengan minangka ndherek pangayubagya acara punika. Kula sakrombongan saking penganten kakung namung saged paring pakurmatan wonten acara resepsi kangge mangayubagya penganten ingkang sampun dipun kaijabaken nalika tanggal 10 September 2013 kanthi wilujeng mboten wonten alangan setunggal menapa.
            Bapak ibu ingkang kinabekten,
Sumangga kula pasrah dhumateng Bapak Ibu Herman ingkang asma Dhimas Putra Widodo. Mugi dipun tampi amargi sampun dados garwanipun ingkang putri asma Sekar Ayu Pertiwi. Lare kula tesih cubluk, kirang pengalaman, sumangga bapak ibu supados maringi pangandikan supados anggenipun bebrayan sagedta atut rukun wilujeng kados mimi lan mintuna.
            Wasana, sumangga dipun suwunaken dhumateng Allah SWT mboten wonten alangan setunggal menapa. Mugi-mugi penganten sarimbit dados kaluwarga ingkang sakinah mawadah warohmah, mboten wonten perkawis ingkang ngribeti dhateng kaluwarga. Mugi-mugi enggal dipun paringi momongan ingkang sholeh sholehah. Mugi-mugi tansah langgeng gesangipun dumugi kaken-kaken ninen-ninen, Amin. Mekaten ingkang saged kula aturaken, mbok bilih anggenipun kula matur wonten klenta-klentunipun kula ngaturaken agunging pangapunten.
            Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

0 comments:

Post a Comment