Crita Lucu Basa Jawa


Puasa Kaping Pisane ing Wulan Ramadhan

          Aku duwe crita sing lucu. Nek aku eling-eling kedadeyan iki, aku bisa ngguya-ngguyu dhewe. Kedadeyan iki tak alami wektu aku isih kelas lima SD ing wulan Ramadhan.
          Dina iku aku puasa kaping pisane. Tangi turu jam setengah papat esuk banjur aku sahur. Aku sahur lawuhe jangan bening, iwak, lan tempe. Mripatku isih kelap-kelip kaya lampu disko. Sahur rasane dadi ora tentrem. Sawise sahur aku banjur turu meneh. Tangi turu meneh jebulane wis imsyak, nanging wetengku isih rada kroncongan. Owalah, tembe kelingan wektu sahur iku aku agi ora selera mangan. Dadi aku mangane sethitik, sisane isih lumayan akeh. Eman-eman yakin, padahal lawuhe enak-enak banget. Hahaha.
          Aku banjur nglaksanaake shalat Subuh. Sawise sholat Subuh, aku adus amarga arep mangkat sekolah. Nang sekolah, wetengku muni bae “kruyak kruyuk” seru banget. Aku diguyu kanca-kancaku. Aku isin banget. Jarene kancaku, sajenne pas sahur isih kurang.
          Bali sekolah wetengku isih dangdutan bae. Adhiku sing paling cilik ora puasa. Adhiku malah pamer mangan es krim. Nyess, enak banget ya kayane nek aku mangan es krime adhiku. Saking ngelihe aku turu lan tangi-tangi wis arep buka. Bukane ana es campur lan panganan enak liya-liyane. Alhamdulillah aku bisa ngrampungake dina puasa kaping pisan iki. Sawise buka, banjur aku Maghriban lan maca Qur’an utawa tadarusan.
          Jam pitu kurang sepuluh menit wengi, aku siap mangkat traweh. Sadurunge, aku ngampiri kancaku sing jenenge Galih Renandi Putra lan Arif Budiman. Omahe kancaku iku edhek utawa cedhak karo omahku. Sawise ngampiri kancaku banjur mangkat mlaku menyang mesjid Agung utawa menyang mushola pendopo. Sadurunge traweh aku pancen biasane dolanan mercon dhisit. Aku ana niat jahat ngerjani Galih. Tak sumed mercone, maknyuss. Tor! Malah tanganku sing kejeblugan. Tanganku ora papa, nanging rasane pedes banget. Jebulane sumbu mercone kae endhep. Aku diguyu Galih lan Arif.
          Aku isih ora kapok, tak tabuh meneh mercone lan langsung tak guwak nang ngarep omahe wong. Tor! Aku ora ngerti nek nang kana ana wong sing agi turu. Wong iku kaget lan langsung ndomehi. Aku, Galih, lan Arif banjur mlayu banter banget kaya pembalap formula siji (F1).
          Wis arep tekan, aku takon marang kancaku ”traweh nang mesjid Agung apa pendopo?”. Galih mangsuli “nang pendopo bae, sing cepet”. Arif ngomong “alaah, ngarah pacitane be..”. Pancen nek traweh nang pendopo Kabupaten Kebumen iku enak banget. Wis cepet, entuk pacitan maning. Pacitan biasane isine roti, bakwan, lan aqua gelas. Haha, bocah cilik lah ya...
          Biasane ing mushola pendopo ya ana Bu Rustri, yaiku bupati Kebumen wektu iku. Bu Rustri ana ing shof wadhon.
          Traweh diwiwiti aku, Galih, lan Arif wudhu dhisit. Sawise iku banjur shalat ‘Isya lan dilanjutake shalat traweh sewelas raka’at.
          Nah, pas arep bali, Galih malah dadi kaya wong bingung. “Cepet lih, wis dienteni kie.” omongku. Jebulane Galih agi nggoleti sandhale. Hahaha, bali-bali sandhale Galih rupane wis beda. Sandhale selen! Warnane sih mirip nanging modele beda. Galih kapok nganggo sendhal apik. Aku lan Arif ngguyu terus nganti tekan omah.

0 comments:

Post a Comment